naskah teater tradisi

DODOL DODOLAN

Saka njaba panggung : heyyy padhang mbulan // hoo po? Ayo ayo dha metu
(musik padhang mbulan) kabeh nyanyi padhang mbulan
Bakul 1 : wahh jebul suarane awakedhewe ki apik yo
Bakul 2 : haiyo cetha… ning aku arep takon
Bakul 1 : apa?
Bakul 2 : saiki ki padhang mbulan po? Hla wong saiki we wayah awan kok (nyawang kiwa tengan nduwur)
Bakul 1 : woiyaaa yaa jebul sing tak sawang mau halogen (nyawang nduwur)
Bakul 3 : wooooo jebul settingane ki wayah awan ta, ra tau mangkat latiane dadi lali ngerti ngono mau mrene kacamatanan ireng ndhak blereng
Bakul 1 : yowes yowes mending saiki nyanyi meneh wae yooo, musikkk
(Tembang Jaranan)
Jaranan jaranan jarane jaran goyang 2x
Eee aja nggo dolanan
Marake gawe tuman
Mesam mesem semar mesem
Mending mangan semar mendem
Marakke wareg ngilangi buneg
Jos jos sewu mangatus

Bakul 2 : wahh jan wangun tenan jane nek awakedhewe iki gawe grup music
Bakul 3 : hoo rupaku yows nyicil kaya penyanyi raisa
Bakul 1 : wealaah nek kowe ki raisa menerima kenyataan kok. Ehh hla kowe dina iki dodolan apa?
Bakul 3 : aku dodolan iki (ngetokne kertas, katalog, bolpen, karo hp sko wadhah)
Bakul 2 : wehh dodol apa kui?
Bakul 3 : aku dodol terong organik, bayem organic, jamur, ana jamur crispy, jamur balado segala jamur ning ora ana jamur kendhil borot mergane saru
Bakul 2 : sik sik sik ta dodolanmu kui kok le pepak temen, kowe kuwi ming gawa kertas karo bolpen kok le aing2 dodolane.
Bakul 1 : hla iyo ta uwong kok ngayawara, sanajan awakedhewe kui mung bakul neng Pasar Wangsinawang. Tur awakedhewe kui ora oleh bodho, kudu isa mengangkat harkat martabat kaum pedagang kaya awakedhewe iki supaya ora gampang di ece uwong.
Bakul 3 : kosek ta, tak jelaske. Kertas, buku, bolpen, lan hp iki ming tak nggo sarana kanggo nyatheti kebutuhan pelangganku.
Bakul 2 : hla njur?
Bakul 3 : jaman saiki ki beda karo jaman mbiyen
Bakul 2 : apaaa hubungane???
Bakul 3 : ngene, jaman wae wes beda, pelayanan prima kudu tetep di tegakne. Jaman saiki ki rak akeh polusi udara ta? Nek aku gawa daganganku sik serba organik dengan pupuk kompos pilihan kui tak gawa mrene wahhh mengko kualitas e menurun daganganku. Mula aku ming gawa iki. Pelanggan teka, ndelok katalog, pesen, njur mbesuk di kirim neng omahe. Piye? Pedagang pasar jamannow ki pancen kudu cerdas. Ana inovasi apa kowe nggo ngalampahi kamajengan jaman ingkang elok samenika?
Bakul 2 : wahh aku durung ana inovasi apa-apa e, yowes mengko bengi aku tak download e-book wae  babagan inovasi dagang ben daganganku iki saya laris. Yowes dodolan yoo. salaakk
Bakul 1 : sepeett
Bakul 2 : Salaakk
Bakul 1 : sepeett
Bakul 2 : salaaaakkkkkk
Bakul 1 : sepeeett
Bakul 2 : kull, kowe ngejak gelut po?
Bakul 1 : ngejak gelut piye?
Bakul 2 : kowe ngonekke salakku sepet, sentiment kowe karo aku. Gelut wae yoo..
Bakul 1 : hlooh aku kuwi pancen dodol sepet kok kowe ngejak gelut aku? Sorii, aku kuwi ra level main fisik, eman leh ku perawatan awak. Aku ki cah sekolahan e,  sekolah paling apik tak leboni. Sekolah, rong kolah, telung kolah kabeh ws tau tak ambah.
Bakul 2 : wooo kemayu tenan kowe ….
SAKA NJABA ANA SIK MBENGOK
Anak : simbookkk, mbok simbok
Bakul 1 : ana apa ta ana apa kok sajak bungah
Anak : anu mbok, kucing e wis payu kabeh
Bakul 1 : woo ya syukur, sidane di regani pira?
Anak : wahh dina iki pokok e mujur mbok, kucing 3 langsung di tuku tanpa dinyang. Kamangka sing tuku mau wonge bagus tenan hlo mbok pingin tak jak foto ning isin akuu
Bakul 1 : duhduuhh simbok melu bungah ndhuk, kamangka kucing siji iki mau di regani 600 ewu yo ndhuk? Dadi 500a ngono yo isih bathi lo jane.
Anak : hoo mbok pancen tak akoni apikan tenan kok mas e iki mau, coba nek kancaku, wis tak pek yang mbok hehe
Bakul 1 : wealaah hla saiki endi dhuwite ndhuk?
Anak : ngene mbok, kucing e mau kan 3 di tuku kabeh karo mas e, nah sing siji di titipne aku nggo panjeran, mergane arepe mangkat tuku kucing mau mas e kesusu njur lali ora nggawa dhuwit. Banjur awakedhewe mau apik-apikan aten. Dadi sik di gawa wonge kuwi mau mung rong kucing, sik siji dititipne aku nggo panjeran. Apa ora apikan kuwi mbok?
Bakul 1 : la njur duite??
Anak : simbok kuwi kepiye ta? Mas e mau lali ora gawa duit mulakna sing siji kui di titipna neng aku ben aku ki percaya nek wonge kuwi tenanan tuku
Bakul 1 : saiki rumangsamu kucing siji sing dititipne kowe kui nggone wonge kae?
Anak : hlaiyo ta mbok
Bakul 1 : nek ngono kuwi jenenge kowe kapusan. Dhuh adhuhh anakku kok yo jebull.. adhuh adhuhh
Anak : kok kapusan ta mbok?
Bakul 1 : wis wis yo bali, nek perlu lapor polisi
Bakul 2 ,3 : yowes yo awakedhewe kukutan wae ngewangi golek kucing.

Komentar

Postingan Populer